Monday, September 6, 2010

Sendhal Jepit Biru

Sendhal jepit biru
Sampeyanku mlaku
Sikil tengenku maju
Kang kiwa ya melu maju
Sikil lorone kudu padha lumaku

Ora mesti pener lumakuku
Kadhang kesingsal lumakuku
Kadhang ana becek ing dalanku
Tapi ora kena nesu
marang Kang Gawe Uripku
Kudu ditambah puji syukurku

Sendhal jepit biru
Sampeyanku mlaku
Ing bumi iki kang ayu
Golek sangu
Kanggo uripku
Ing kahuripan kang luwih ayu

Ora saka elek-ayune rupaku
Olehe ngukur baguse awakku
Nanging saka taqwaku
Maring Pangeranku
Mangka bakal kacukupan kapreluanku
Kagampangake urusanku

Muga sampurna imanku
Tentrem jiwaku
Diridloi atiku
Lan mlebu jannah'Ku'

Jum'at Kliwon
20082010

No comments:

Post a Comment